Jumat, 25 November 2016

MBUDIDAYA NGGAYUH CITA-CITA




Saben wong urip saklumrahe mesti nduweni kepinginan utawa cita-cita. Mbuh sing diarani cita-cita pingin dadi tentara, polisi, pilot, dokter, guru, bupati, utawa sing mung pingin mangan thiwul, gethuk, lemper, utawa wajik. Malah ono meneh sing pingin dadi wong sugih, pinter, sukses.

Kabeh gegayuhan utawa cita-cita mau yen pingin kedadean kudu nduweni bekal yaiku ngilmu. Ngilmu biso gawe “teken” (tongkat) seng dilandasi kelawan tekun ben supayane “tekan” (sampai ke tujuan). Elengngo yen “Ngelmu iku kelakone kanti laku” tegese“ngurangi mangan lan turu, ora foya-foya lan orep prasaja. Lajeng “lekase lawan kas; tegese kas nyantosani” ateges yoiku kebulatan tekad lan keyakinan yen kito biso nggregem gegayuh mau.

Meniko cara utawane tips supados cita-citane bisa terkabul:

1. Tujuan Cita-Cita: Gawe Nggayuh Panguripan ingkang Luwih Agung ing Lahir Batine 
Antawise lahir ugo batine kedah nduweni tingkatan ingkang imbang, upama salah sijine ketinggal mongko bakalan timpang. Yen namung ngutamakake lahir mongko jelas kuwi mung mburu derajat utawane harta, dadine iseh kena pengaruh saka njaba, ugo yen namung ngutamakake keluhuran batine berarti dheweke ora netepi hakekat manungso kang urip ing ngalam ndunyo, amergo ora gelem kerja gawe kepeerluan urip bebarengan karo masyarakat.

2. Nggayuh Cita-Cita: Kudu Dilandasi Kelawan Ilmu
Cita-cita bisa ditekani kelawan ilmu, keranten ilmu iku bekaling panguripan. Ilmu digawa marang laku (sinau kang tekun) ugo tandang. Supayane bisa tandang kelawan apik, dhewe kudu mapan, milo kudu eling yen wong seng tindak-tanduke mapan, ora tau kangelan amerga biasa waspada. Waspada iku musuh pokoke malapetaka.

3. Landasan Nggayuh Cita-Cita: Budi Pakerti
Dasar pokok kanggo wong seng nduweni cita-cita iku “budi pakerti”. Ngaca saka pengalaman seng dilakoni ben ndina, yen mung kepinteran dudu senjata pamungkas sehinggo kusu dilandasi budi, supaya manahe ora ombang-ambing.

4. Kerja Kelawan Keyakinan “Bisa”
Yakin kelawan ati ingkang mantep yen cita-cita mau bakalan bisa digegem, sehingga dheweke bisa tambah semangat ugo percaya diri.

5. Kerja Keras Lan Telaten
Ibarate banyu sing mlaku ning bengawan, dheweke bisa keruh yen mandek, ananging bakalan tetep bening yen terus tlaten anggene mlaku. Semono ugo maring cita-cita yen dhewe bisa terus telaten bakalan bisa entuk.

6. Dibarengi Kelawan “Nalar”
 Wong seng pingin cita-citane kewujud kudu wani mlaku, kepinginan mlaku bebarengan karo niat, nalar, lan do’a. Tegese kelawan nalar yoiku kepinginan seng dudu kaya bocah cilik seng anut-anut utawane dolanan, tetapine nduweni tujuan seng bener.

7. Maju Terus Pantang Mundur
Aja ngasi cita-cita mundur namung gegara siji apa loro perkara kegagalan. Kudune ya tetep semangat ngulangi supayane kawujud. 

8. Ora Entuk Ragu-Ragu Utawane Bimbang
Wong seng nduweni cita-cita kudu tekade bulat supayane kangelan utawane kesulitan bisa dilewati kelawan rasa ingkang mantep

9. Pinter Bergaul/Sosialisasi
Tegese bisa “manjing ajur ajer” ning masyarakat

10. Kawiti Saka Ngisor
Kaya dene munggah anda (tangga), cita-cita ugo diwujudake kanthi usaha saka ngisor, tegese ora instan lan mangerti saben-saben tingkatan prosese. Cita-cita ora mungkin dicapai kelawan cepet utawane instant langsung dadi. Kudu setapak ugi setapak ibarate wong munggah tangga. Yen pingin nduweni kedudukan sing duwur ya kudu saka ngisor, supayane nduweni penghayatan rasane dadi bawahan. Supayane, sesok yen dadi pemimpin bisa luwih bijak.

11. Aja Kasi Ngrasa Ditakdirake Sial/ Ora Apik
Perasaan sing kaya iki sing bisa nyiutake semangate awak, luwih becik nerima apa anane sing diparingi Gusti, ilingo yen akeh manungsa sing luwih ning ngisor, ananging ora nyalahake takdir. Kabeh iki kaitane karo iman sing anan ning njero dadane manungso.


Para sesepuh wis paring pitutur yen sakabehing pepinginan utawa cita-cita kudu disranani klawan ikhtiar lan donga. Ora mung cukup semono, nanging sing kepokok ugo butuh modal. Modal seng dimaksud ning kene ora mesti kudu awujud dhuwit, nanging bisa kepinteran, keprigelan, tali paseduluran, kabar utawa informasi lan akèh conto liyane. 

Wong kang nduweni modal mesti wae dheweke nduwe peluang kanggo nggayuh kepinginane utowo cita-citane mau kanthi luwih gampang lan cepet. Ananging, senajan wong kuwi wis nglakoni usaha utawa ikhtiar kanthi laku kang bener, trep, lan pas, disranani modal kang nyukupi, kabeh mau kudu dikondurake marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Aja nganti ndisiki kersane Pangeran. Menungso naming usaha-usaha, dene sing ngabulake mesti wae Gusti Alloh. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar