Saben wong
urip saklumrahe mesti nduweni kepinginan utawa cita-cita. Mbuh sing diarani
cita-cita pingin dadi tentara, polisi, pilot, dokter, guru, bupati, utawa sing mung pingin mangan thiwul, gethuk, lemper, utawa wajik. Malah ono meneh sing pingin dadi wong sugih, pinter, sukses.
Kabeh
gegayuhan utawa cita-cita mau yen pingin kedadean kudu nduweni bekal yaiku ngilmu.
Ngilmu biso gawe “teken” (tongkat) seng dilandasi kelawan tekun ben supayane
“tekan” (sampai ke tujuan). Elengngo yen “Ngelmu iku kelakone kanti laku” tegese“ngurangi
mangan lan turu, ora foya-foya lan orep prasaja. Lajeng “lekase lawan kas;
tegese kas nyantosani” ateges yoiku kebulatan tekad lan keyakinan yen kito biso nggregem gegayuh mau.
Meniko cara
utawane tips supados cita-citane bisa terkabul:
1. Tujuan Cita-Cita: Gawe Nggayuh Panguripan ingkang Luwih Agung ing Lahir Batine
Antawise lahir ugo batine kedah nduweni tingkatan ingkang imbang, upama salah
sijine ketinggal mongko bakalan timpang. Yen namung ngutamakake lahir mongko
jelas kuwi mung mburu derajat utawane harta, dadine iseh kena pengaruh saka
njaba, ugo yen namung ngutamakake keluhuran batine berarti dheweke ora netepi
hakekat manungso kang urip ing ngalam ndunyo, amergo ora gelem kerja gawe
kepeerluan urip bebarengan karo masyarakat.
2. Nggayuh
Cita-Cita: Kudu Dilandasi Kelawan Ilmu
Cita-cita bisa ditekani kelawan ilmu, keranten ilmu iku bekaling
panguripan. Ilmu digawa marang laku (sinau kang tekun) ugo tandang. Supayane
bisa tandang kelawan apik, dhewe kudu mapan, milo kudu eling yen wong seng tindak-tanduke mapan, ora tau kangelan amerga biasa waspada.
Waspada iku musuh pokoke malapetaka.
3. Landasan Nggayuh
Cita-Cita: Budi Pakerti
Dasar pokok kanggo
wong seng nduweni cita-cita iku “budi pakerti”. Ngaca saka pengalaman seng
dilakoni ben ndina, yen mung kepinteran dudu senjata pamungkas sehinggo kusu dilandasi budi, supaya manahe ora ombang-ambing.
4. Kerja Kelawan Keyakinan “Bisa”
Yakin
kelawan ati ingkang mantep yen cita-cita mau bakalan bisa digegem, sehingga dheweke
bisa tambah semangat ugo percaya diri.
5. Kerja Keras Lan Telaten
Ibarate
banyu sing mlaku ning bengawan, dheweke bisa keruh yen mandek, ananging bakalan
tetep bening yen terus tlaten anggene mlaku. Semono ugo maring cita-cita yen
dhewe bisa terus telaten bakalan bisa entuk.
6. Dibarengi Kelawan “Nalar”
Wong seng pingin cita-citane kewujud kudu wani
mlaku, kepinginan mlaku bebarengan karo niat, nalar, lan do’a. Tegese kelawan
nalar yoiku kepinginan seng dudu kaya bocah cilik seng anut-anut utawane
dolanan, tetapine nduweni tujuan seng bener.
7. Maju Terus Pantang Mundur
Aja ngasi cita-cita
mundur namung gegara siji apa loro perkara kegagalan. Kudune ya tetep semangat
ngulangi supayane kawujud.
8. Ora Entuk Ragu-Ragu Utawane Bimbang
Wong seng
nduweni cita-cita kudu tekade bulat supayane kangelan utawane kesulitan bisa dilewati
kelawan rasa ingkang mantep
9. Pinter Bergaul/Sosialisasi
Tegese bisa
“manjing ajur ajer” ning masyarakat
10. Kawiti
Saka Ngisor
Kaya dene
munggah anda (tangga), cita-cita ugo diwujudake kanthi usaha saka ngisor, tegese ora
instan lan mangerti saben-saben tingkatan prosese. Cita-cita ora mungkin dicapai kelawan
cepet utawane instant langsung dadi. Kudu setapak ugi setapak ibarate wong
munggah tangga. Yen pingin nduweni kedudukan sing duwur ya kudu saka ngisor, supayane
nduweni penghayatan rasane dadi bawahan. Supayane, sesok yen dadi pemimpin bisa luwih bijak.
11. Aja Kasi
Ngrasa Ditakdirake Sial/ Ora Apik
Perasaan
sing kaya iki sing bisa nyiutake semangate awak, luwih becik nerima apa anane
sing diparingi Gusti, ilingo yen akeh manungsa sing luwih ning
ngisor, ananging ora nyalahake takdir. Kabeh iki kaitane karo iman sing anan
ning njero dadane manungso.
Para sesepuh
wis paring pitutur yen sakabehing pepinginan utawa cita-cita kudu disranani klawan
ikhtiar lan donga. Ora mung cukup semono, nanging sing kepokok ugo butuh modal.
Modal seng dimaksud ning kene ora mesti kudu awujud dhuwit, nanging bisa
kepinteran, keprigelan, tali paseduluran, kabar utawa informasi lan akèh conto
liyane.
Wong kang nduweni modal mesti wae dheweke nduwe peluang kanggo nggayuh
kepinginane utowo cita-citane mau kanthi luwih gampang lan cepet. Ananging,
senajan wong kuwi wis nglakoni usaha utawa ikhtiar kanthi laku kang bener,
trep, lan pas, disranani modal kang nyukupi, kabeh mau kudu dikondurake
marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Aja nganti ndisiki kersane Pangeran. Menungso naming
usaha-usaha, dene sing ngabulake mesti wae Gusti Alloh.